Pambuka
A.
Wigatosing
Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun
kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara
adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap
ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara
adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita
badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing
upacara adat mantu punika.
Bab 2
Isi
A. Tata Cara Adat Mantu
Tata cara
upacara mantu adat jawa antarane:
1.
Nontoni
Nontoni menika salah setunggaling sarana silaturrahmi
dhateng keluarga calon besan, keluarga calon pengantin sekalian putra kakung
kang bade pun nikahaken ugi tumut, ingkang estinipun nepangaken calon temanten
kekalih ingkang pun jodohaken, Keranten wonten ing jaman kina adicara
perjodohan tasik kalampah, sahengga perlu dipun wontenaken adicara nontoni
menika, amargi dereng samya tepang setunggal lan setunggalipun.
2.
Lamaran
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken
saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha
dereng dipun wengku kakung.Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran
kang baku
1. Atur
pambuka saking kulawarga
2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur
pangandikan).
3. Caos
tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan
werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda
lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4. Caos kintun
oleh-oleh yen tamu wau kondur
5. panutup.
3.
Pasang
Tarub
Saking pemanggih kula, tarub satunggaling adat mligi
tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani
yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda
bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika
ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani
dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling
srana talak balak.
Pasang tarub punika saking masang tratak lan
bleketepe, sarta pasang tetuwuhan.
4.
Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo
ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé
ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan
ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep
omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané
uga kalebu pemaes.
5.
Masang Bleketepe lan Tuwuhan
Nduwèni ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo
mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo
pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga.
Déné tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawité, tebu
wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron
waringin. Tetuwuhan kuwi kanggo pralambang pengarepan supaya pengantèn kekalih
énggal éntuk momongan.
6.
Pangkas
Rikma
Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma
utawa potong rambut. Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké
siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma.
7.
Dodol
dhawet
nduwèni pralambang lan pangajab supaya ing upacara
dhaupé penganten suasanané bisa rengèng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten
putri, déné bapaké mayungi ibuné, karo nyeyuwun ing ngarsané Gusti Kang Maha
Agung, muga-muga uripé calon pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan seneng
dèdana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo
dhuwit krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné (tujuané) dodolan dhawet
yaiku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejegé balé wisma (balé omah),
supaya tandhan padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum
lan enak rasané, lan bisa ngresiki ganda sawisé dhahar, mula tatacara ngombé
dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe. Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng kuwi
saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah kang lantaran bapa biyungé,
asalé saka Gusti Allah.
8.
Midodareni
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku
widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen
mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga
kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama,
penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur
putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki beda-beda ing
saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan
srah-srahan.
9.
Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon"
yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo
ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras,
sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting
ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan
ing omahé pengantèn putri.
10.
Ijab
Kabul
Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung
ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya
bisa sah nikahé.
11.
Upacara
Panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake
acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan
didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat.
Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo
nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang,
Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
12.
Balang-balangan
Suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan
lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.
13.
Wiji
dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah,
banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo
banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing
tanggung jawab marang kaluwargane.
14.
Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu
kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
15.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur,
minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
16.
Timbang/Pangkon
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké
pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha
karo mantu.
17.
Kacar-kucur
Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten
putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem
sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing
manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
18.
Dahar
Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka
pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta
manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani
kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
19.
Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané
pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
20.
Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang
wong tuwa kekalih. yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun
lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng
sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan) .dipun purwakani metuk besan, yen
sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya. Yen
sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun
agem malih
21.
Kendhuri/resepsi
Kendhuri (uga asring kasebut kendhurèn lan kondangan)
iku sejatiné upacara slametan utawa syukuran. Yèn ana wong Jawa kang nduwé
khajatan, biasané ana kendhuri amarga sing diarep-arep wis kaleksanan lancar
lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining
lelaku sing wigati. Acara iki biasané dadi rangkéyaning acara kelairan,
khitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki umumé uga diarani
resèpsi.Acara utama jroning upacara kendhuri yaiku arupa ritual ndedonga marang
Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap sing
kagungan kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara
iku biasané padha maca Surah Yasin.
22.
Ngunduh Mantu
Tembung Ngunduh Mantu secara harfiah tegese panen.
Prosesi dilakoni kanthi cara ngundang wong tuwane penganten putri kanggo
nganakake upacara penyerahan lare putrinipun kanggo kaluwarganipun penganten
kakung.
Sekian, Wassalamu'alaikum wr.wb.

















Tidak ada komentar:
Posting Komentar